Pencarian

Saturday, 14 June 2014

Anting-anting

Ting anting ‘mbang cempoko
tondo moto soko seliramu 
Ting anting tondo tresno 
lahir bathin sineksih lintange wluku
Ling eling dek semono
 rembulane ketutupan mego 
gawe kekesing ati 
nganti anti tekane radyan permadi (si jantung hati)
 
[Reff: 2X]
Anting-anting dhek kembang cempoko 
woheing aren mbokyo eling dhok semono
Emprit gantil menclok ning witing pari
tansih gumantil ono njero ning ati
Ting anting ‘mbang cempoko
tondo moto ugo tanda tresno 
Ling eling dek semonoyen ra nyandhing rasane ning ati gelo

Friday, 13 June 2014

Setyo Tuhu




Laki-laki (bowo): 

Pamintaku.., nimas sido asih..
Atut runtut.., tansah reruntungan..
Ing sarino.., sawe..ngine..
atan kenggang sak ram..but..
Lamun.. , adoh caketing a..ti..
Yen cedhak tansah mu..lat..,
Sido asih tuhu..
Pindho mimi lan mintuno..
Yo nimas.., barengan netepi wajib..
Sido asih.. be..,bra..yan..


Perempuan : 

Aku kang setyo satuhu,
Wit biyen, dadi saiki
Bebasane, peteng kepapak obor sumunar..


Andhiko pangayomanku,
Lahir batin, ku wus noto
Mung sajake, andhiko semune kurang reno..


Tondho yekti, paseksene rikalane
Ngangkat awrat, mlampah tebih datan lesu..
(mugi rahayuo..)


Mugyantuk berkahing widi,
Andhiko mung tansah limpat,
Payuwunku, sedyo-o tansah anglam-lami

Lingsir Wengi

Lingsir wengi sepi durung biso nendro
kagodho mring wewayang kang ngreridhu ati

kawitane, mung sembrono njur kulino
ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno

nanging duh tibane aku dewe kang nemahi
nandang bronto, kadung loro, sambat-sambat sopo

rino wengi, sing tak puji ojo lali
janjine mugo biso tak ugemi

Wuyung



Lorone loro ora koyo
wong kang nandang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan nang omah bingung

Mung kudu weruh
woting ati duh kangmas wong bagus
opo ora trenyuh
sawangen iki awakku sing kuru

Klopo mudho leganono
nggonku nandhang bronto
Witing pari dimen mari nggonku ngloro ati
Aduh nyowo……

Duh duh kusumo
ora kroso opo pancen tego
Mbok mbalung janur
Paring usodo nggonku nandang wuyung

reff :
Klopo mudho leganono
nggonku nandhang bronto
Witing pari dimen mari nggonku ngloro ati
Aduh nyowo……

Duh duh kusumo
ora kroso opo pancen tego
Mbok mbalung janur
Paring usodo nggonku nandang wuyung

Thursday, 12 June 2014

Rukun Agawe Santosa (RAS)


Ajining diri pribadi
Mung gumantung ing kedaling lathi
Ojo dianggep sepele nyatane gede pigunane
Sesanggemaning bebrayan ora cukup pangkat sarta banda
Pinongko jangkeping sesrawungan kudu sing waspodo
Ojo nganti gawe cuwo mring sapadha-padha
Becik ngalah sawetoro pamrihe murih tentrem sakabehe
Kang pantes sinudarsono
Atut runtut tentrem lan raharjo
Rukun biso agawe santoso
Yekti kang jinongko...